Kasusastran Jawi




BAB 1
PURWAKA

A.    Wawadaning Perkawis
            Ing jaman menika kahanan budaya wonten Indonesia basa Jawa khususipun, dirasa tansah katilep . Kahanan budaya wonten Indonesia, inggih uga sastra Jawa sansaya dilaliake. Sakpunika para pemudha supe kaliyan sastra Jawa. Amarga sastra dianggep sampun ketinggalan jaman ugi mboten gampil dipunsinauni.
Kangge nanggulangi babagan menika, para guru ugi para siswa perlu ningkataken wawasan lan keprigelanipun ing babagan Basa Jawi, utaminipun sastra Jawi supados kabudayan ingkang luhur punika mboten ketilep dening globalisasi lan saged nggerus identitas nasional ingkang sampun kawentar sugih ing budaya daerah.
Ing makalah punika bade dipunjelasaken babagan Kasusastran Jawi. Piwulangan Bahasa Jawi, babagan Kasusastran Jawi menika minangka dados babagan kang utama, amargi babagan menika dados dasar Kabudayan Jawi lan saged dados dasar piwulangan ing pawiyatan dasar lan sak piturute.

B.     Momotaning Perkawis
Saking wawadaning perkawis ing inggil, saged dipendhet momotaning perkawis inggih punika:
1.      Apa wae kang kacakup ing Kasusastran Jawi ?

C.     Ancas
Ancasana saka panyusunan makalah menika inggih punika:
1.      Supados kita saged mangertosi apa wae kang kacakup ing Kasusastran Jawi.



BAB II
SURASA

Ingkang saged kacakup wonten Kasusastran Jawi kadosta :
1.      Tembung Yogyaswara
Tembung Yogyaswara yaiku tembung kalih ngemu teges jaler estri ananging benten wandanipun pungkasan.
Tuladha:
Putra-putri, gedhana-gedhini , dewa-dewi, pemudha-pemudhi, widadara-widadari, lsp.
Tuladha ing ukara:
Pak Wawan menika gadhah putra-putri ingkang sampun nyambut damel wonten Semarang.

2.      Tembung Saroja
Tembung Saroja yaiku tembung rangkep, maksudipun tembung kalih ingkang tegesipun sami dipunangge sesarengan.
Tuladha:
Ayem tentrem, colong jupuk, undha usuk, , uluk salam, lsp.
Tuladha ing ukara:
Yen arep mertamu ing ngendi mawon kedah ngaturaken uluk salam rumiyin.

3.      Tembung sandi/garba
Tembung sandi yaiku tembung gandhengan utawi tembung rerangken kalih lajeng dipun suda gungggung wandanipun.
Tuladha:
Jalu         +   estri             jalwestri
Lumaku  +    ing                lumakweng
Ana        +    ing                aneng
Tuladha ing ukara: saben dinten jum’at siswa-siswi SD Duku 2 pada lumakweng Taman Asri

4.      Rura Basa
Rura basa yaiku tembung ingkang risak, basa wes luput kelantur-lantur, ngantos mboten saged dipun damel leres malih. Menawi dipun leresaken mboten limrah.
Tuladha:
Mbunteli tempe. Leresipun : Mbunteli kedhele godhog dimomon ragi supaya dadi tempe.
Ngenam klasa. Leresipun: Ngenam pandhan supaya dadi klasa.
Nguleg sambel . Leresipun: Nguleg Lombok, uyah, lan trasi digawe sambel.
Tuladha ing ukara:
Bapak lagi ngenam klasa anggene sadean benjing-enjing ing peken.

5.      Tembung Plutan
Tembung plutan yaiku tembung ingkang wandanipun kalih karangkep dipun dadosaken sawanda.
Tuladha: sarana dados srana, awor dados wor, suwiwi dados swiwi.
Tuladha ing ukara:
Ani tumbas swiwi ing pasar arep kangge masak masak sop.

6.      Tembung Entar
Tembung entar yaiku tembung ingkang tegesipun mboten sami kaliyan makna salugunipuun.
Tuladha:
Idu geni : omongane tansah kelakon
Entheng tangan :  seneng tandhang gawe
Jembar polatane : pinter
Tuladha ing ukara:
Dewi kuwi pancen bocah sing jembar polatane, mila kwi deweke entuk rangking 1.

7.      Keratabasa utawa jarwo dhosok
Keratabasa yaiku basa sing dikerata, tegese sarana jupuk kecape tembung utawa wanda banjur di utak atik nganti mathuk.
Tuladha:
Kathok : diangkat sithok-sithok
Guru : digugu lan ditiru
Batur : embat-embating tutur (samangsa mangsa bias dijak mupakatan)
Tuladha ing ukara:
Pak Adi dados guru mangerteni muride, mula kuwi di senegi muride.

8.      Paribasan
Paribasan yaiku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Tuladha:
Becik- ketitik ala ketara, tegese tumindak ala lan becik iku bakal ketara/ dingerteni tembe mburine
Adigang adigung adiguna, tegese ngendelake, kekeuatan, keluhuran, lan kepinteran.
Ana catur mungkur, tegese ora ngrungokno omongan, guneman sing ala.
Tuladha ing ukara :
Sinta kuwi bocah sing adigang adigung adiguna, mila kanca-kancane pada ngedohi

9.      Saloka
Saloka yaiku unèn-unèn kang gumathok kang ngemu pepindhan. Kang di pindhanake wonge.
Tuladha:
Bathok bolu isi madu, tegese wong asor nagging sugih kepinteran.
Cebol nggayuh lintang, tegese gegayuhan kang mokal bisa kelakon.
Gajah ngidak rapah, tegese nerjang wewalere dhewe/ janjine dhewe.
Tuladha ing ukara:
Dadi wong aja kaya Ani sing kaya gajah ngidak rapah, dadine ora duwe kanca amarga nerjang janjine dhewe.

10.  Bebasan
Bebasan yaiku  unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong.
Tuladha:
Adol lenga kari busike, tegese andhum barang marang wong liya nanging awake dhewe ora keduman.
Esuk dhele sore tempe ,tegese ora teteg atine, gampang molah-malih.
Ancik-ancik pucuking eri, tegese uripe tansah was sumelang.
Tuladha ing ukara:
Kahanane ibu Dewi tansah ancik-ancik pucuking eri amarga ngerti yen putrine kacilakaan.

11.   Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang.
 Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blenderan (plesedan).
a)      Cangkriman wancahan
Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.
Tuladha:
-          Burnaskopen : bubur panas kokopen
-          pakboletus: tapak kebo ana lelene satus
-          wiwa wite, lesba dhonge, karwo pake : uwi dawa wite, tales amaba godhonge, cikar dawa tipake
b)      Cangkriman pepindhan
Yaiku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane.
Tuladha:
-          Sega sakepel dirubung tinggi: salak
-          Pitik walik saba kebon: nanas
-          Emboke dielus-elus anake dididak-idak : andha.

c)      Cangkriman blenderan(plesetan)
Cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.
Tuladha:
-          Wong adol tempe ditaleni: sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol
-          Wong adol krambil dikepruki: sing dikepruki krambile, dudu wong sing dodol.
-          Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem: sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati.


12.  Dasanama
Dasanama  punika tembung sanes ingkang tegesipun sami (synonim), asring pinanggihaken ing sastra tembang.
Tuladha:
-           Alas : jenggala, wana, wanadri
-          Desa : dhekah, dhukuh, dhusun
-          Geni : agni, api,apyu,dahana,pawaka
-          Mata : aksi, eksi, mripat, netra, soca.

13.  Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen  kang ora ngemu surasa kang sejatine. Yen ing basa indonesia disebut pengandaian.  Lumrahe  nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya, lan liya-liyane kang ngemu karep kaya.
Tuladha:
-          Ayune kaya Dewi Ratih
-          Galake kaya macan manak
-          Dhuwure kaya otak-otak mega.

14.  Candra
Yaiku digunakake kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang memper karo kanyatan.
Tuladha:
-          Lambene nggula sathemplik : lambene kaya gula sathemplik
-          Bangkekane nawon kemit: bangkekane kaya prajurit tawon
-          Irunge ngundhup mlathi: irunge kaya mlathi sing lagi ngundhup
Tuladha ing ukara:
ing desane Melati paling ayu dhewe, lambene nggula sathemplik

15.  Purwakanthi
Yaiku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra.
Tuladha:
-          Aja dumeh bagus terus kementhus.
-          Wong sabar bakal subur.
-          Kebat kliwat, gancang pincang
Purwakanthi miturut wujude kepirang dadi telu, yaiku:
a.    Purwakanthi guru swara yaiku unen-unen kang runtut swarane(vokal).
Tuladha:
-          Ulat madhep, ati karep
-          Bareng wis makmur, lali marang sedulur
-          Ijo-ijo godonge kara, bareng bada lagi rumangsa
b.   Purwakanthi guru sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (konsonan).
Tuladha:
-          Sluman slumun slamet
-          Tindak tanduke tansah titi angati-ati
-          Janji jujur jajahane mesthi maju
c.    Purwakanthi basa (lumaksita) yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasan gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
Tuladha:
-          Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
-          Bayem arda, ardane ngrusak busana
-          Kolik priya, priyagung anjani putra

16.  Wangsalan
Yaiku unen-unen cangkriman nanging dibatang /dibedhek dhewe, ukarane ora persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang.
Tuladha sing wujud ukara:
-          Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar. (kembang jambu : karuk)
-          Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.(balung klapa : bathok)
Tuladha sing wujud  tembang:
1.   Jirak pindha munggwing wana
2.   Sayeng kaga we rekta
Batangane:
         Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
         Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
         We rekta kang muroni = iket.

Jenise wangsalan:
1.      Wangsalan lamba
 yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing mburi isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
2.      Wangsalan rangkep (camboran)
 yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: - kawi gajah, kramaning watu ing jarwa
                 - Mesthi tetep, angugemi Pancasila
                 (kawi gajah= esthi, dadi: mesthi)
                 (kramaning watu: sela, dadi: Pancasila).               
3.      Wangsalan memet
yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan
-          Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah.
-          Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
4.      Wangsalan padinan
 yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la ana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.
(Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu).
5.      Wangsalan mawa paungeran tartamtu
-          Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
·         Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda
Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda: isi wangsalan,  gatra buri 8: isi batangane.
Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
·         Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda
 Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane.
Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang      = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula               = 4 wanda + 8 wanda
(Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya)
(Wulang wido mangsa rowang = bido)
6.      Wangsalan edi-peni
yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
1.Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
2.Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
3.Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung      mudha, nggegulanga ngiket basa.
7.      Wangsalan kang sinawung ing tembang
 yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).  Cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha:




Sinom
Edane wong keneng guna
 ambatik sinambi nangis
 malam wuntah balabaran
geni mati muring-muring
 prembenahan mbrebes mili
 gawangan sinendhal putung
 ya talah ta si kakang
puluh-puluh awak mami
 petis manis wis kudu dadi pocapan
      Wangsalane: Petis manis = kecap
17.   Tembung Parikan
Yaiku unèn-unèn kang dumadi saka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.
Tuladha:
-          Manuk emprit nucuk ing pari
Dadi murid, sing taberi.
-          Wedang bubuk, tanpa gula
Ja sok ngantuk, gelis.
18.  Geguritan
Yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumatho, menawi ing bahasa indonesia menika puisi.
     Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
     Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
     Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
     Tembungane pilihan


Tuladha:

Yen Rembulane Moblong, Paman
(Dening I. Kunpriyatno)
yen rembulane moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematke swarane
bocah – bocah sing padha dolanan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegere guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopeni lemah warisan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah – owahane jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegure
alun ing satengahe wahudayan

Penjebar Semangat;Nomor 50. 12 Desember 2009


19.   Tembang Macapat
Tembang macapat ana 11 pupuh:
a.       Asmaradana
b.      Dhandhanggula
c.       Durma
d.      Gambuh
e.       Kinanthi
f.       Maskumambang
g.      Megatruh
h.      Mijil
i.        Pangkur
j.        Pocung
k.      Sinom
Tembang-tembang macapat nduweni guru gatra,wilangan lan lagu yaiku:
·         Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
·         Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
·         Dhandanggula 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
·         Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i,
·         Asmarandana 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a,
·         Durma 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i,
·         Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i,
·         Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a,
·         Pucung 12u, 6a, 8i, 12a,
·         Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, 8o,
·         Megatruh 12u, 8i, 8u, 8i, 8o,

Tuladha:
Gambuh
Aja nganti kabanjur (7u)
Barang polah kang nora jujur (10u)
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik (12i)
Becik ngupayaa iku (8u)
Pitutur ingkang sayektos (8o)

20.   Sanepa
Yaiku unen-unen sing tegese mbangetake nanging nganggo tembung kosok balen.
Tuladha:
-          Awake kuru semongka : awake lemu banget
-          Bobote abot kapuk : bobote entheng banget
-          Cahyane abang dluwang : cahyane pucet banget



21.  Sandi Asma
Yaiku asma ingkang dipun dhelikake. Lumrahipun asma wau dipun dhelikake wonten ing tembang-tembang jawi.
Tuladha:
Kang kocap jeng srinarendra,
Gusti titikaning nagari,
Patih ngengeras pandriya,
Rancakan-angereh budi,
Dining para warga ji,
Tinata harja tanayun,
Yayah manggung sulaya,
Kulina nara tan yekti,
Gagasira rarasan kang tanpa karya.
Tembang sinom punika sandi asma utawi ingkang ngarang tembang inggih punika kanjeng gusti pangeran adipati harya mangkunegara.

22.  Sengkalan
Yaiku cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakake ing sastra jawa kuna lan tengahan. Cara macane kanthi diwalik. Tuladha : sirna ilang kretaning bumi, yen diterjemahake dadi angka 0,0,3,4. Diwalik banjur dadi 4300.
Werna-werna sengkalan:
Miturut wujude, sengkalan kuwi ana rong werna yaiku:
a)      Suryasengkala: sengkalan kanggo nengeri taun surya
b)      Candrasengkala: sengkalan kanggo nengeri taun candra(rembulan)
Miturut jenise sengkalan diperang dadi telu:
a)      Sengkalan lamba
Yaiku sengkalan sing migunakake tembung-tembung sing prasaja.
Tuladha:
Buta (5) lima (5) naga(8) siji(1), dadi angkane 5581 lan tegese taun 1855.
b)      Sengkalan miring
Yaiku sengkalan sing migunakake rembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba.
Tuladha:
Lungiding Wasita Ambuka Bawana(1975)
·         Tembung “lungid” maknane “landhep”, sing dikarepake landheping “gaman”. Gaman nduwe watek 5.
·         Tembung “wasita” maknane “pitutur jati”, pitutur iku ana gegayutane karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwe watek 7.
·         Tembung “Ambuka”, sing dikarepake ”lawang” utawa “gapura”, sing nduwe watek 9.
·         Tembung “Bawana”, sing dikarepake “bumi” sing nduwe watek 1.

c)      Sengkalan memet
Yaiku sengkalan sing digawe ora nganggo ukara nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalane.
Tuladha:
Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknane 1785(buta= 5, gajah= 8, tinunggangan= 7, jalma=1)
23.   Tembung Camboran
Yaiku tembung kalih utawi luwih ingkang dirangkep dados setunggal.
Tembung camboran kaperang dadi papat, yaiku:
a.       Camboran wutuh
Yaiku tembung kalih ingkang dirangkep tanpa ngirangi wandanipun.
Tuladha:
Lumbung pari, sawo mateng, semar mendem, lsp.
b.      Camboran tugel(wancah)
Yaiku tembung kalih ingkang dirangkep dados setunggal kanthi ngirangi cacahing wanda.
Tuladha:
Bangjo: abang-ijo
Bulik: ibu-cilik
Jiro: siji-loro
c.       Camboran tunggal
Yaiku tembung kalih ingkang dirangkep dados setunggal dados setunggal tur mboten kengeng dipiisahaken amargi anggadhahi teges enggal.

Tuladha:
Raja lele, Naga sari, Sapu tangan.
d.      Camboran wudhar
Yaiku tembung kalih ingkang dirangkep dados setunggal nanging ijen-ijenipun tembung tasih anggadhahi reges piyambak-piyambak.
Tuladha:
Gedhe cilik, Dhuwur cendhek, nom tuwa.

24.  Gugon Tuhon
-          Gugon : sipat utawa wewatakan sing gampang banget, nggugu marang guneme wong utawa dedongengan.
-          Tuhon : sipat utawa wewatakan sing gampang mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan.
Dadi gugon tuhon iku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane. Nanging nyumanggakake marang para pamaos “percaya mangga maido kena”. Manut wong - wong kang nggugu marang gugon tuhon mratelakake: yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku kayata:
a. Dadi mangsane Bethara Kala.
b. Bisa sangsara panguripane.
c. Bisa anake entek mati
d. Bisa ora kedawa umure.
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani slametan, nanggap wayang lakon “Murwa Kala” slametan kanggo ngilangi bebendu iku diarani “Murwat”. Dene sing klebu gugon tuhon ana warna loro yaiku:
a.        Wasita Sinandhi
Wasita sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora dilairake kanthi satemene. Padatan liyane gugon tuhon kang awujud wasita sinandhi iki diarani “Aradan”, lumrahe malah dikantheni tembung “ora ilok” kang satemene “ora becik”.
Tuladha:
1. Gawe omah tanpa tutup keyong.
2. Wong nugelake gandhik, lan nggempalake pipisan.
3. Ngrubuhake dandang.
4. Omah sing lawange lan butulane terusan.
5. Seneng kudhung kukusan.
6. Manggan lungguh pipen lawang.
7. Mbuang tuma.
8. Ngandhut lungguh tampah.
9. Sumur ing ngajengan.
10. Seneng lungguh ing bantal.
11. Wong mangan karo turon (wong waras).
12. Ngidoni genthong utawa sumur
13. Menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
14. Ngguyuh karo ngadeg, apa maneh wanita.
15. Wanita lungguh jegang.

b.      Bocah Sukerta
Kang diarani Bocah Sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta kuwi  lamun wis diruwat wis ora kalebu memangsane Bethara Kala, satemah bisa lestari uripe.
Bocah utawa anak kang kalebu Sukerta:
1. Bocah ontang – anting : bocah lanang kang tanpa tunggal.
2. Bocah unting – unting : bocah wadon siji tanpa tunggal.
3. Bocah uger – uger lawang : bocah lanang loro kakang adhi.
4. Bocah kembang sepasang : bocah wadon loro kakang adhi,lsp.







BAB III
WASANA
A.    Dudutan
Kasusastran Jawi punika anggadahi kathah perangan, ingkang saben perangan menika ngemot makna ingkang dalem.Dene saben perangan kita kedah mangertosi lan saged nglestariaken budaya Jawi, khususipun Kasusastran Jawi.
Ingkang saged kacakup kasusastran jawi inggih punika:
1.     Tembung Yogyaswara
2.      Tembung Saroja
3.      Tembung sandi/garba
4.      Rura Basa
5.      Tembung Plutan
6.      Tembung Entar
7.      Keratabasa
8.      Paribasan
9.      Saloka
10.  Bebasan
11.  Cangkriman
12.  Dasanama
13.  Pepindhan
14.  Candra
15.  Purwakanthi
16.  Wangsalan
17.  Tembung Parikan
18.  Geguritan
19.  Tembang Macapat
20.  Sanepa
21.  Sandi Asma
22.  Sengkalan
23.  Tembung Camboran
24.   Gugon tuhon
B.Saran
            Kita kedah ningkataken  wawasan ugi kaprigelan marang budaya, utawinipun sastra jawi.Amargi menawi kabudayan jawi menika mboten dipunlestariaken mila kabudayan jawi menika badhe muspra.




DHAPTAR KAPUSTAKAN

Daryanto.1999. Kawruh Basa Jawa Pepak. Solo: Apollo
Sukasih, Sri dan Suwarso. 2010. Nyinau Basa Jawi Ing Pawiyatan Luhur. Salatiga: Widya Sari Press Salatiga
Piyono,joko. 2005. Kawruh Pepak Basa Jawa Anyar. Surakarta: Pustaka Mandiri

No comments:

Post a Comment