JINISING TEMBUNG



PURWAKA

            Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang sampun maringi rahmat lan inayahipun dhumateng kita. Saengga kita saged ngrampungaken makalah menika kanthi irah- irahan “Jinising Tembung”.
            Wondene ancas panyeratan makalah menika kangge ngayahi salah sawijining tugas mata kuliah Pendidikan Bahasa Jawa.
            Kita mangertosi bilih makalah menika taksih dereng sampurna, awit saking menika dipunbetahaken kritik lan saran saking sedanten pihak ingkang kagungan sifat mbangun.
            Cekap semanten kita aturaken, matur suwun dhumateng sedanten pihak ingkang sampun biyantu panyusunan makalah menika wiwit purwa dumugi pungkasanipun, mugi-mugi gusti Allah SWT maringi ridho ing sadaya usaha. Amin.


                                                                        Semarang, 28 September 2011


                                                                                                Panyerat


DAFTAR ISI

Atur Sapala………………………………………………………………     i
Daftar Isi ………………………………………………………………        ii
1.      Bab I   : Pambuka
A.    Wigatosing Rembag..................................................................    1
B.     Ingkang Dipun Rembag............................................................    1
C.     Ancas Panulisan........................................................................    1
2.      Bab II  : Surasa
Tembung kriya (verba)...................................................................     2
Tembung aran (subsantiva).........................................................        2
Tembung sesulih (promina)........................................................        2
Tembung kaanan (adjectiva)...........................................................    3
Tembung katerangan (adverbial)....................................................    3
Tembung wilangan (numeral).........................................................    4
Tembung panyilah (artikel).............................................................    4
Tembung ancer-ancer (preposisi)....................................................    4
Tembung panggandheng (konjungsi)...............................................   5
Tembung sabawa (panguwuh, interjeksi).........................................   5
3.      Bab III            : Panutup
Dudutan lan Piweling......................................................................   6
4.      Daftar Kapustakan...........................................................................   7         



BAB I
PAMBUKA

A.Wigatosing Rembag
Tembung ateges  ukara. Ing basa jawi ukara utawi tembung menika kaperang dados 10. Inggih menika tembung kriya (verba), tembung aran (subsantiva), tembung sesulih (promina), tembung kaanan (adjectiva), tembung katerangan (adverbial), tembung wilangan (numeral), tembung panyilah (artikel), tembung ancer-ancer (preposisi),tembung panggandheng (konjungsi), tembung sabawa (panguwuh, interjeksi). Saking babagan punika kita saged mangertosi teges – teges tembung ingkang sampun di andarake punika lan uga saged mangertosi tuladha – tuladhanipun. Saking bab menika pramila kita kedah sinau lan bahas punapa kemawon sub bab babagan jinising tembung.
B. Ingkang Dipun Rembag.
            - Punapa tegese tembung menika?
            - Punapa kemawon jinising tembung?
- Punapa tuladhanipun jinising tembung?
C. Gunaning Panulisan
            Saking bab kasebut kita sedaya saged nguri – uri budaya jawi khususipun babagan basa jawi ing bab jinising tembung. Lan saengga kita sedaya saged mangertosi lan manyinaoni bab jinising tembung lan uga saged mangertosi lan maringi tuladha bab jinising tembung.



BAB II
SURASA

Miturut jinisipun, tembung-tembung ing basa Jawi saged kaperang dados sedasa, inggih menika tembung kriya, tembung aran, tembung sesulih, tembung kaanan, tembung katerangan, tembung wilangan, tembung panyilah, tembung ancer-ancer, tembung panggandheng, lan tembung sabawa.
1. Tembung kriya (verba)
Tembung kriya inggih menika tembung ingkang mratelakaken solah bawa utawi tumandang damel. Menawi wonten ukara, tembung kriya menika ingkang dados wasesa (predikat).
 Tuladha: teka, lunga, mangan, ngombe, nyaponi, nibakake, dituku, lan sapanunggilipun.
·         Adiku lagi lunga ning pasar

2. Tembung aran (substantiva)
Tembung aran inggih menika namining sedaya barang lan menapa kemawon ingkang dipun-anggep barang. Tembung aran kaperang dados kalih, inggih punika :
a)      Tembung aran ingkang wonten wujudipun.
Tuladha: mas, perak, manungsa, lan sapanunggilipun.
·         Ibuku mundhut mas kalih gram
b)      Tembung aran ingkang mboten wonten wujudipun.
Tuladha : ilmu, kapinteran, lan sapanunggilipun.
·         Susi kae pinter tenan.

3. Tembung sesulih (pronomina)
Tembung sesulih inggih menika tembung ingkang kangge nyulihi barang ingkang sampun dipunmangertosi, amrih boten wongsal-wangsul nyebat namaning barang kalawau, lan ugi kangge nedahaken dununging barang.

a)      Tembung sesulih tiyang: aku, kula, ingsun, lan sapanunggilipun.
·         Aku kuliah ning Unnes
b)      Tembung sesulih panuduh: iki, kuwi, kae, lan sapanunggilipun.
·         Bocah kae nakale ora karuan.
c)      Tembung sesulih pitakon: apa, sapa, endi, priye, lan sapanunggilipun.
·         Apa sing ko tuku mau?
d)     Tembung Darbé: ku, mu, e.
·         Bukuku disileh rina.
e)      Tembung Panggandheg : kang, sing , ding
·         Lemari ing jero kamar kang warnane abang

4. Tembung kaanan (adjectiva)
Tembung kaanan inggih menika sedaya tembung ingkang mratelakaken kawontenaning barang. Tembung kaanan saged nerangaken kuantitas, kecukupan, urutan, lan sapanunggilipun.
Tuladha: abang, cilik, ayu, larang, landhep, lan sapanunggilipun.
·         Siti kae ayu tenan.

5. Tembung katerangan (adverbia)
Tembung katerangan inggih menika tembung ingkang nerangaken wasesa utawi tembung sanesipun kejawi tembung aran.
 Tuladha: adoh, banter, lan sapanunggilipun.
Wonten ngandap menika salah sawijining cara pamérangan tembung katrangan.
a)       Tembung katrangan alat. Tuladhanipun: karo.
·         Santi lunga karo Dini.
b)       Tembung katrangan kasertaan. Tuladhanipun: bebarengan.
·         Yen garap tugas kelompok iku bebarengan.
c)       Tembung katrangan perlawanan. Tuladhanipun: senadyan.
·         Senadyan koe ayu nanging sipatmu elek.
d)      Tembung katrangan tujuan. Tuladhanipun: kanggo.
·         Aku tuku gandum kanggo gawe roti.
e)       Tembung katrangan sebab. Tuladhanipun: amarga.
·         Amarga keset, Budi ora munggah kelas.
f)        Tembung katrangan akibat. Tuladhanipun: mula.
·         Lha to, saiki koe lara, mula ojo sok wani karo wong tuwa.
g)       Tembung katrangan wektu.Tuladhanipun: wingi.
·         Wingi aku ning omahe Pakdheku.
h)       Tembung katrangan panggonan. Tuladhanipun: kana.
·         Omahe Rina ning kana.
i)         Tembung katrangan syarat. Tuladhanipun: yèn.
·         Yen pengen pinter yo sinau.

6. Tembung wilangan (numeral)
Tembung wilangan inggih menika tembung ingkang mratelakaken cacahing barang utawi mratelakaken undha-usuk.
Tuladha: siji, loro, katelu, kapapat, lsp.
·         Aku anak nomer siji.

7. Tembung panyilah (artikel)
Tembung panyilah inggih menika tembung ingkang nyilah-nyilahaken tembung aran.
Tuladha: sing, kang, ingkang
·         Sing ayu kae mbakyuku.

8. Tembung ancer-ancer (preposisi)
Tembung ancer-ancer inggih menika tembung ingkang nedahaken ener utawi papan ingkang dipuntuju.
Tulaha: ing, marang, menyang, saka, lsp.
·         Ibu tindak dhateng peken.

9. Tembung panggandheng (konjungsi)
Tembung panggandheng inggih menika tembung ingkang tumindakipun nggandheng utawi nyambung tembung ingkang setunggal kaliyan setunggalipun utawi nyambung ukara setunggal kaliyan ukara setunggalipun.
Tuladha: lan, karo, sarta, miwah, utawa, lsp
·         Bocah kae lunga karo adine.

10. Tembung sabawa (panguwuh, interjeksi)
Tembung sabawa inggih menika tembung ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat:
Tuladha: lo, la, adhuh, wah, tobat, ah, lsp.
·         Aduh, sikilku kesandung watu.



BAB III
PANUTUP
A.    Dudutan
 Tembung menika kaperang dados sedoso inggih menika:
Tembung kriya (verba), tembung aran (substantiva), Tembung sesulih (pronomina), tembung kaanan (adjectiva), tembung katerangan (adverbia), tembung wilangan (numeral), tembung panyilah (artikel), tembung ancer-ancer (preposisi),  tembung panggandheng (konjungsi), tembung sabawa (panguwuh, interjeksi).


B.     Piwelingan
Kita minangka generasi mudha supados saged manyinaoni punapa ingkang dados jinising tembung lan ugi kedhah saged matrapake utawi migunakake basa jawa ingkang trep wonten ing kauripan sadinten dinten.

No comments:

Post a Comment