PURWAKA
Puji syukur kita
aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang sampun maringi
rahmat lan inayahipun dhumateng kita.
Saengga kita saged ngrampungaken makalah menika kanthi irah- irahan “Jinising Tembung”.
Wondene ancas panyeratan makalah menika kangge
ngayahi salah sawijining tugas mata kuliah Pendidikan Bahasa Jawa.
Kita mangertosi bilih makalah menika taksih
dereng sampurna, awit saking menika dipunbetahaken kritik lan saran saking
sedanten pihak ingkang kagungan
sifat mbangun.
Cekap
semanten kita aturaken, matur suwun dhumateng sedanten pihak ingkang sampun biyantu panyusunan makalah menika
wiwit purwa dumugi pungkasanipun, mugi-mugi gusti Allah
SWT maringi ridho ing sadaya usaha. Amin.
Semarang,
28 September 2011
Panyerat
DAFTAR ISI
Atur Sapala……………………………………………………………… i
Daftar Isi ……………………………………………………………… ii
1.
Bab I :
Pambuka
A. Wigatosing Rembag.................................................................. 1
B. Ingkang
Dipun Rembag............................................................ 1
C. Ancas Panulisan........................................................................ 1
2.
Bab II :
Surasa
Tembung kriya (verba)................................................................... 2
Tembung aran (subsantiva)......................................................... 2
Tembung sesulih (promina)........................................................ 2
Tembung kaanan (adjectiva)........................................................... 3
Tembung katerangan (adverbial).................................................... 3
Tembung wilangan (numeral)......................................................... 4
Tembung panyilah (artikel)............................................................. 4
Tembung ancer-ancer (preposisi).................................................... 4
Tembung panggandheng (konjungsi)............................................... 5
Tembung sabawa (panguwuh, interjeksi)......................................... 5
3.
Bab III :
Panutup
Dudutan lan
Piweling...................................................................... 6
4.
Daftar
Kapustakan........................................................................... 7
BAB I
PAMBUKA
A.Wigatosing Rembag
Tembung ateges ukara. Ing basa jawi ukara utawi tembung menika kaperang dados
10. Inggih menika tembung
kriya (verba), tembung aran (subsantiva), tembung sesulih (promina),
tembung kaanan (adjectiva), tembung
katerangan (adverbial),
tembung wilangan (numeral), tembung
panyilah (artikel), tembung ancer-ancer (preposisi),tembung
panggandheng (konjungsi), tembung sabawa (panguwuh, interjeksi). Saking babagan punika kita
saged mangertosi teges – teges tembung ingkang sampun di andarake punika lan
uga saged mangertosi tuladha – tuladhanipun. Saking bab menika pramila kita
kedah sinau lan bahas punapa kemawon sub bab babagan jinising tembung.
B. Ingkang Dipun Rembag.
-
Punapa tegese tembung menika?
-
Punapa kemawon jinising tembung?
- Punapa tuladhanipun
jinising tembung?
C. Gunaning Panulisan
Saking
bab kasebut kita sedaya saged nguri – uri budaya jawi khususipun babagan basa
jawi ing bab jinising tembung. Lan saengga kita sedaya saged mangertosi lan
manyinaoni bab jinising tembung lan uga saged mangertosi lan maringi tuladha
bab jinising tembung.
BAB II
SURASA
Miturut jinisipun,
tembung-tembung ing basa Jawi saged kaperang dados sedasa, inggih menika
tembung kriya, tembung aran, tembung sesulih, tembung kaanan, tembung
katerangan, tembung wilangan, tembung panyilah, tembung ancer-ancer, tembung
panggandheng, lan tembung sabawa.
1. Tembung kriya (verba)
Tembung kriya inggih
menika tembung ingkang mratelakaken solah bawa utawi tumandang damel. Menawi
wonten ukara, tembung kriya menika ingkang dados wasesa (predikat).
Tuladha:
teka, lunga, mangan, ngombe, nyaponi, nibakake, dituku, lan sapanunggilipun.
·
Adiku lagi lunga ning pasar
2. Tembung aran (substantiva)
Tembung aran inggih
menika namining sedaya barang lan menapa kemawon ingkang dipun-anggep barang.
Tembung aran kaperang dados kalih, inggih punika :
a)
Tembung aran ingkang wonten wujudipun.
Tuladha:
mas, perak, manungsa, lan sapanunggilipun.
·
Ibuku mundhut mas kalih gram
b)
Tembung aran ingkang mboten wonten
wujudipun.
Tuladha
: ilmu, kapinteran, lan sapanunggilipun.
·
Susi kae pinter tenan.
3. Tembung sesulih (pronomina)
Tembung sesulih inggih
menika tembung ingkang kangge nyulihi barang ingkang sampun dipunmangertosi,
amrih boten wongsal-wangsul nyebat namaning barang kalawau, lan ugi kangge
nedahaken dununging barang.
a)
Tembung sesulih tiyang: aku, kula,
ingsun, lan sapanunggilipun.
·
Aku kuliah ning Unnes
b)
Tembung sesulih panuduh: iki, kuwi, kae,
lan sapanunggilipun.
·
Bocah kae nakale ora karuan.
c)
Tembung sesulih pitakon: apa, sapa,
endi, priye, lan sapanunggilipun.
·
Apa sing ko tuku mau?
d)
Tembung Darbé: ku, mu, e.
·
Bukuku disileh rina.
e)
Tembung Panggandheg : kang, sing , ding
·
Lemari ing jero kamar kang warnane abang
4. Tembung kaanan (adjectiva)
Tembung kaanan inggih
menika sedaya tembung ingkang mratelakaken kawontenaning barang. Tembung kaanan
saged nerangaken kuantitas, kecukupan, urutan, lan sapanunggilipun.
Tuladha: abang, cilik,
ayu, larang, landhep, lan sapanunggilipun.
·
Siti kae ayu tenan.
5. Tembung katerangan (adverbia)
Tembung katerangan
inggih menika tembung ingkang nerangaken wasesa utawi tembung sanesipun kejawi
tembung aran.
Tuladha: adoh, banter, lan sapanunggilipun.
Wonten ngandap menika salah sawijining
cara pamérangan tembung katrangan.
a)
Tembung katrangan alat. Tuladhanipun: karo.
·
Santi lunga karo Dini.
b)
Tembung katrangan kasertaan. Tuladhanipun:
bebarengan.
·
Yen garap tugas kelompok iku bebarengan.
c)
Tembung katrangan perlawanan. Tuladhanipun:
senadyan.
·
Senadyan koe ayu nanging sipatmu elek.
d)
Tembung katrangan tujuan. Tuladhanipun:
kanggo.
·
Aku tuku gandum kanggo gawe roti.
e)
Tembung katrangan sebab. Tuladhanipun: amarga.
·
Amarga keset, Budi ora munggah kelas.
f)
Tembung katrangan akibat. Tuladhanipun: mula.
·
Lha to, saiki koe lara, mula ojo sok
wani karo wong tuwa.
g)
Tembung katrangan wektu.Tuladhanipun: wingi.
·
Wingi aku ning omahe Pakdheku.
h)
Tembung katrangan panggonan. Tuladhanipun:
kana.
·
Omahe Rina ning kana.
i)
Tembung katrangan syarat. Tuladhanipun: yèn.
·
Yen pengen pinter yo sinau.
6. Tembung wilangan (numeral)
Tembung wilangan inggih
menika tembung ingkang mratelakaken cacahing barang utawi mratelakaken
undha-usuk.
Tuladha: siji, loro, katelu, kapapat,
lsp.
·
Aku anak nomer siji.
7. Tembung panyilah (artikel)
Tembung panyilah inggih
menika tembung ingkang nyilah-nyilahaken tembung aran.
Tuladha: sing, kang, ingkang
·
Sing ayu kae mbakyuku.
8. Tembung ancer-ancer (preposisi)
Tembung ancer-ancer
inggih menika tembung ingkang nedahaken ener utawi papan ingkang dipuntuju.
Tulaha: ing, marang, menyang, saka, lsp.
·
Ibu
tindak dhateng
peken.
9. Tembung panggandheng (konjungsi)
Tembung panggandheng
inggih menika tembung ingkang tumindakipun nggandheng utawi nyambung tembung
ingkang setunggal kaliyan setunggalipun utawi nyambung ukara setunggal kaliyan
ukara setunggalipun.
Tuladha:
lan, karo, sarta, miwah, utawa, lsp
·
Bocah kae lunga karo adine.
10. Tembung sabawa (panguwuh, interjeksi)
Tembung sabawa inggih menika tembung
ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat:
Tuladha: lo, la, adhuh,
wah, tobat, ah, lsp.
·
Aduh, sikilku kesandung watu.
BAB III
PANUTUP
A. Dudutan
Tembung menika kaperang dados sedoso inggih
menika:
Tembung kriya (verba), tembung aran
(substantiva), Tembung sesulih (pronomina), tembung kaanan (adjectiva), tembung
katerangan (adverbia), tembung wilangan (numeral), tembung panyilah (artikel),
tembung ancer-ancer (preposisi), tembung
panggandheng (konjungsi), tembung sabawa (panguwuh, interjeksi).
B. Piwelingan
Kita minangka generasi
mudha supados saged manyinaoni punapa ingkang dados jinising tembung lan ugi
kedhah saged matrapake utawi migunakake basa jawa ingkang trep wonten ing
kauripan sadinten dinten.
0Comments