ATER-ATER, SESELAN, PANAMBANG, LAN TEGESIPUN





ATUR PAMBUKA

Bismillahirahmanirahim
Assalamualaikum wr.wb
Kanti ngunjukaken puja-pujiastuti ing sahadap dateng gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, saengga pangrepta saged ngracik reroncenge makalah punika.
Kanti adhedhasar kasunyatan basa jawi bilih taksih kaginakaken sebagian ageng bangsa kita, pramila pangripta tumut urun kangge njangkepi salah setunggalipun tugas  basa jawi.
Ing makalah puniko ngemot babagan ater-ater, panambang kaliyan seselan.
Sarehning makalah punika naming ngemot pathi sarinipun babagan ater-ater, panambang kalian seselan, pramila pangripta,taksih nyuwun supados para maos, saha para ingkang ngginakaken makalah punika taksih ngimbuhi atur ingkang kinten-kinten perlu kaaturaken, awit tanggap wacana punika boten sanggup ewal saking papan lan kawontenan.
Minangka tutuping atur pangripta bade tansah nampi panyaruwe tuwin pitedah saking para saderek, ingkang tumuju dumateng kula sampurnaning buku punika.
Bilahit taufik wal hidayah.
Wasalamualaikum wr.wb.
Wasana matur nuwun. 


Semarang, Oktober 2011
Pangripta


BAB I
PURWAKA

A.    Latar Belakang
Tembung ing Basa Jawa iku mesthi wae duweni unsur – unsur kang mbangun tembung iku. Banjur apa wae unsur – unsur iku?
Unsur – unsure yaiku: Ater-ater, Seselan lan Panambang. Kabeh mau biyasane kadhapuk ning tembung lingga. Nduweni tujuan supaya wong sing maca sawijining ukara mau bisa mangerteni apa maksude ukara kasebut.
B.     Rumusan Masalah
Ing makalah iki ana telu unsur kang arep dirembug, yaiku Ater-ater, Seselan lan Panambang. Saka telung unsur iku kapantha - pantha manut jinising :
1.      Ana pira jinising ater-ater lan apa tegese ?
2.      Ana pira jinising seselan lan apa tegese ?
3.      Ana pira jinising panambang lan apa tegese ?
Pitakonan mau kang bakal karembug ing  makalah iki.
C.    Tujuan
Apa ta sing dadi ancase ana ing makalah iki ? Sing dadi ancas yaiku kanggo mangerteni babagan:
1.      Jinising ater-ater lan tegese
2.      Jininsing seselan lan tegese
3.      Jinising panambang lan tegese.
Muga – muga makalah iki bisa nambah pemahaman ngenani jinising ater-ater, seselan lan panambang uga tegese.



BAB II
PEMBAHASAN

A.    ATER-ATER
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana sangarepe tembung lingga. Wernane ater-ater ana 3 yaiku:
1.      Ater-Ater Tripurusa
       Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater anuswara. Beda karo ater-ater anuswara, dene ater-ater tripurusa mratelakake tembung “tanggap” (pasip). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku dakkodi.
Tuladha:
a.       dak + pangan = dakpangan
Roti sing ning meja wis dakpangan mau esuk.
b.      ko + pangan = kopangan
Lauhe kopangan to ?
c.       di + pangan = dipangan
Ibu ngasta oleh-oleh jeruk, banjur mau dipangan adit.
2.      Ater-Ater Anuswara
       Ater-ater Anuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng . Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku an, any, am, ang. Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktip).
Tuladha:
a.       an + tandur = antandur = nandur -(t, luluh)
Pak Suradi nandur pari ana ing sawah.
b.      any + cokot = anycokot = nyokot -(c, luluh)
Adik lara untune amarga nyokot es.
c.       ang + wetan = angwetan = ngetan -(w, luluh)
Wonge ngetan golek bis arep menyang pasar.
Tegesipun Ater ater Anuswara:
a.       Nyambut damel : jenu, macul, medhang.
Bapak macul ana tegal
b.      Nganggep : mbapa, ngadi, mbibi.
Budi wis kulina mbapa marang simbahe
c.       Dados : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.
Mbak Santi wis setaun mbatur ana ing omahe pak lurah
d.      Nuju dhateng : minggir, ngulon, munggah
Bocah-bocah mau pada ngulon
e.       Damel : nggulé, ngabon, nyambel.
Ibu lagi nyambel tomat ono pawon
f.       Nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.
Adik lagi makani pitik ana ing buri omah
g.      Kados : mbodoni, mbisu, ndésani, ngetumbar, mucuk eri.
Geneo to kowe, awit mau kok mbisu ?
h.      Saben tiyang nampi : niji, ngloro, matang liter.
Aku lan Rini pada entuk buku ngloro
i.        Nambahi : ndhuwuraké, ndawani, nggedhèni
Rama ndhuwurake antena tv ben bisa nonton balbalan
j.        Ngetrapaken : nglambèni, napèni, nyetuti.
Simbah napeni beras ing latar
k.      Saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.
Amarga ora kepangan peleme mbosoki
3.      Ater-ater liyane
       Ater-ater liyane yaiku ater-ater saliyane ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahe ana 13, yaiku sa, pa, pi, pra, tar,ka, kumakapikamiamapanpang.
Tuladha:
a.       sa + esuk = saesuk = sakesuk -(wuwuh k)= siji
Tuladha : Kowe ki sakesuk kok gur turu wae.
b.      pa + emut = pemut
c.       pi + kukuh = pikukuh
d.      pra + jurit = prajurit
Tuladha: Para prajurit podo ngalor goleki ratune.
e.       tar + waca = tarwaca = terwaca
f.       ka + jupuk = kajupuk -(dijupuk= njarag)
g.      kuma + wani = kumawani -(luwih)
h.      kapi + luyu` = kapilunyu
i.        kami + tengeng = kamitengeng (en)
j.        a + buntut= abuntut
k.      ma + guru= maguru
l.        pan + suluh= panyuluh
m.    pang + gandheng= panggandheng

Tegesipun Ater ater Sa:
a.       Satunggal = sèket, sakebo, samèter.
b.      Sabarang = sakarepé, sawaregé, sasenengé.
c.       Nunggil = sabantal, saomah, sakamar.
d.      Kalih / karo = salapaké, sauwité.
e.       Sami kaliyan = sagunung, sapitik.
f.       Ngantos = sabubaré, saénaké.
g.      Saben = saasiné, sadinané.
h.      Angger = sakoberé, saénaké.

Tegesipun Ater ater Pa / Pé:
a.       Srana = pasumbang, pangudi.
b.      Tukang = pangendhang, padhang, pamomong.
c.       Ukuran mangsa = sapenginang.
d.      Ukuran panjang, tebih = panjangkah, pandulu, pabalang.
e.       Carané / patrapé = panulisé, panggambaré.
f.       Panggènan = pakuburan, panepèn, pagadéyan.
g.      Mangsa = panèn, padusan.
h.      Pirantos = pembesut, penyakit, penulak.
i.        Tiyang ingkang dipun = paukuman, panembahan
B.   PANAMBANG
Panambang yaiku aksara utaawa wanda kang mapan ana ing samburine tembung lingga.
Wujude: i,ake,an ,en,a,ana,na,e,ane,ne,ku,mu,e,nta,ira,man,wati.
1.      Panambang “an” uga diarani Wisésana.
Tuladha :
a.       Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.
Tuladha: Tatik karo Anik pasaran ana ngarep omah.
b.      Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.
Tuladha: Ibu damel bolu kukus mbutuhake kukusan.
c.       Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.
Tuladha: Saben dina Kamis lan Jumat para mahasiswa PGSD UNNES padha batikan.
d.      Mangsa : panèn, padusan, suntikan.
e.       Gampil : mutungan, kalahan, getasan.
f.       Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.
g.      Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.
h.      Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.
i.        Nanggap : wayangan, réyogan.
2.      Panambang i
Tuladha :
a.       Ngenggoni : nyabuki, mupupuri
Tuladha: Aku mupuri adiku supoyo ayu.
b.      Kaya : jawani, priyayeni, ndesani
Tuladha: panjenengan menawi ngagem sinjang punika katon priyayeni.
c.       Dadi : ngratoni, nglurahi
Tuladha: Pak Sunardi saiki nglurahi ning desa Weru kono.
d.      Gawe : nggateli, mlarahi, margi
e.       Aweh : ngempingi, nyandongi
f.       Mengeti : nyepasari, nyelapani
g.      Gawe luwih : ngandeli, ngakeh-akehi
h.      Rambah-ramba : nggebugi, nyakoti
i.        Nandur ing : nanduri sawah
j.        Marang ing : nyrengeni
k.      Nggenepi  :ngepati, nglimani
l.        Nedheng-nedhengi : ngemaruki
m.    Kadunungan sipat seneng : njajani, mangani
3.      Panambang ake (krama : aken)
 Tuladha :
a.       Gawe : mbeciake, ngusahake
Tuladha: Aku ngusahake golek buku basa jawa kelas 5
b.      Nganggep : mbodhoake, ngluputake
Tuladha: Ani ngluputake tugase kang kudu dikumpulake dina iki
c.       Ngakon : nyuntikake, nyepuhake
Tuladha: Ibu tindak peken badhe nyepuhake gelang
d.      Nggowo : mlayokake, mbalekake
e.       Nindakake pakaryan kaya ing linggane : menehake, nambakake
f.       Nindakake pakaryan tumprap wong liya : nulisake
4.      Panambang en
a.       Nandhang : gatelan, kadhesen
Tuladha: Edi awake gatelen amarga gluntungan ing suket.
b.      Kadunungen sipat kang kasebut ing linggane : kemajon, kabangen
c.       Supaya kok : jaluken, wacanen
Tuladha: Wacanen koran iki !
5.       Panambang a
a.       Upama : udanana, duwea
Tuladha: Duwea duit,aq sido lungo
b.      Sanajan : udana, sugiha
Tuladha: Sugiha kaya apa, yen cethil bakal di sirik kanca
c.       Muga-muga : udana, dadia
d.      Pangarep-arep : kundura, medhuna
e.       Mokal : bisaa
6.      Panambang ana
a.       Upama : dak wenehana, kebubutana
b.      Pangarep-arep : disrengenan, ditambahana
c.       Sanajan : dikandhangna, diudanan
d.      Muga-muga : diparingana, diudanana
e.       Mokal : bapakmu bae ora dikandhani, aku maneh dikandhanana
Tuladha: Adhimu bae ora dipasrahi, wong liya maneh dipasrahana
7.      Panambang na
Tuladha :
a.       Upama : dak jalukna......,dak wenehna.....
b.      Pangarep-arep : diparingana...., diangkatna....
Tuladha: Mugi-mugi tugasipun diparingana biji ingkang sae
c.       Sanajan : ko-tukokna......, ko-unggahna.....
d.      Muga-muga : dielingna.....,
e.       Mokal : ......kowe maneh dijalukna, ....kancane maneh ditakokna
8.      Panambang e, ane, ne
Tuladha :
a.       Jaluk- jaluke- jalukane- jalukne
b.      Kirim- kirime- kirimane- kirimne
c.       Pakan- pakakne
d.      Gawa- gawane
e.       Tuku- tukune
f.       Dadi- dadenane
g.      Pepe- pepekne
9.      Panambang ku, mu, e
Tuladha:
a.       Kanca-kancaku,kanca-kancamu,kanca-kancane
b.      Bapakku, bapakmu, bapake
10.  Panambang nta, ira, man, wan, wati
Tuladha:
a.       Rakanta
b.      Jenengira
c.       Susilowati
d.      Gunawan
e.       Sukiman

C.   SESELAN
Seselan yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana tengahe tembung lingga.
Seselan namung 4 warni: “er”, “el”, “um”, “in”
Tegesipun :
1.      Seselan in
Tuladha : tulis-tinulis, obong-ingobong, thuthul-tinithul
Kabar iki tinulis ing koran Suara Merdeka
2.      Seselan um
Tuladha : guyu-gumuyu, laku-lumaku, gantung-gumatung
Dhik , kunci sing gumantung ing buri lawang kok wis ora ono ?
3.      Seselan er,el
Seselan “er” lan” “el” wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha.
Déné ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan “um” lan “.
Tuladha
a.       Seselan el:
Awu         kelawu
Aku tuku klambi werna kelawu
b.      Seselan er:
Ogel         kerogel
Watu sing ning pinggir dalan wis pada kerogel







PANUTUP

DUDUTAN
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana sangarepe tembung lingga.
Wernane ater-ater ana telu :
1.      Ater-ater anuswara            : m, n, ng, ny, (am, an, ang, any)
2.      Ater-ater tripurusara          :tak (dak), ko, di
3.      Ater-ater liyane                 :a, ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kumo,kami, kapi, tar

Ater-ater di, ka, lan seselan in, nalakake tembung tanggap. Tegese nindakake perkara/ pakaryan kang disengaja. Tuladhane : tinimbung= ditimbang= katimbang

Panambang yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana ing samburine tembunglingga.
Wujude : i, ake, ne, e, ane, ke, ana, na, ku, mu, en

Seselan yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana tengahe tembung lingga.
Wujude : um, in, el, lane, tuldhane : lumantar, lumaku, tinimbang.

1 comment: